Rabu, 23 November 2022

Kapang ing Dina natal

Naskah asli ditulis : Riris Ernaeni

http://jejak-langkah-anakmanusia.blogspot.com/2022/11/natal-dan-kerinduan.html?m=1

Disulihbahasakan oleh : Tetty Gunardi Oediyono 


Gemuruh rasa kangen nempuh ing jiwa

Naliko kumandange bel ing dina natal

Sandhangan anyar katawakake

Wewangen jajan lan panganan wus sumebar


Kapang nggugah ati

Pangajab ing tumibane Dina

Kanggo ngobati kangen ing rasa


Natal ora mung rasa kapang pawongan kang Lelungan

Ananging natal iku peparinge Gusti Allah

Marang Kabeh manungso

Kang kapisah dening kanistan lan dosa


Natal iku kersane Gusti Allah kanggo cedak mring manungsa

Sesandingan rumaket ing katrisnan


Natal minangka sih rahmate Gusti Allah kang Sampurna

Sang Sabda manjilma dadi manungsa 

Paring Pangarep arep kang nyata

Tidak ada komentar: